1 Samuel 6:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Milanipun kadamelna pepethan wudun-wudun panjenengan tuwin pepethan tikus, ingkang ngrisak pasiten panjenengan, saha ngaturna kurmat panjenengan dhateng Gusti Allahipun Israel. Bokmanawi Panjenenganipun lajeng badhe ngunduraken astanipun ingkang awrat pametekipun punika saking panjenengan, saking allah panjenengan saha saking pasiten panjenengan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané nggawéa gambaran udun-udun sampéyan lan tikus, sing ngrusak lemah sampéyan, lan ngekèkana hurmat sampéyan marang Gusti Allahé Israèl. Menawa Panjenengané terus bakal ngundurké tangan-Né sing abot menet sampéyan, allah sampéyan lan sangka lemah sampéyan.