1 Samuel 9:26 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Esuke umun-umun padha tangi lan bareng wis padhang Nabi Samuel nimbali Saul kang ana ing payon iku, pangandikane: “Tangia, aku arep ngeterake kowe.” Saul banjur tangi lan sakarone padha metu, yaiku Saul karo Nabi Samuel.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Esuké mruput pada tangi lan bareng wis padang Samuèl nyeluk Saul ing balkon kuwi, tembungé: “Tangia, aku arep ngeterké kowé.” Saul terus tangi lan loro-loroné pada metu, ya kuwi Saul karo Samuèl.