1 Thessalonians 2:16 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
awit padah ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Pada ngalang-alangi awaké déwé supaya ora bisa ngabarké pituturé Gusti Allah marang bangsa liyané, pitutur sing bisa nekakké keslametan. Dadiné salahé wong agama Ju kuwi numpuk-numpuk sampèk Gusti Allah ora sabar menèh lan entèk-entèké wong-wong kuwi disetrap.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit arep pada ngalang-alangi enggon kita pada ngabaraké pituturé Gusti marang bangsa-bangsa liyané kanggo keslametané. Dadiné pada tansah ngundaki dosané sak kabèhé, lan pungkasané pada katekan paukuman.