1 Timothy 5:4 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging randha kang duwe anak utawa putu, anak utawa putune iku kudu sinau ngatonake bektine dhisik marang kulawangsane dhewe lan males kabecikane wong tuwane tuwin embahne, amarga iku kang ndadekake keparenging Allah.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging mbok randa sing nduwé anak-putu, anak-putuné sing kudu ngrumati kanggo mbales kabetyikané wong tuwa. Kuwi sing disenengi karo Gusti Allah, jalaran kuwi ngétokké nèk pada nurut Gusti tenan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging randa sing nduwé anak utawa putu, anak utawa putuné kuwi apiké luwih ndisik pada sinau ngrumat marang brayaté déwé lan mbales kabetyikané wong tuwané lan simbahé, awit kuwi sing dadi senengé Gusti Allah.