2 Chronicles 1:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paring pangandikaning Allah marang Sang Prabu Suleman: “Ing sarehne iku kang sira karepake, lan sira ora nyuwun kasugihan, raja-brana, kamulyan utawa patining wong kang sengit marang sira, lan uga ora nyuwun umur dawa, nanging kosok baline sira nyuwun kawicaksanan lan kawasisan supaya bisa ngakimi umatingSun, kang wus Sunpitayakake marang sira minangka ratune,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Gusti Allah marang Salomo: “Awit kuwi sing kok karepaké, lan kowé ora njaluk kasugihan, banda, kamulyan utawa patiné wong sing sengit marang kowé, lan uga ora njaluk umur dawa, nanging sak baliké kowé njaluk kawityaksanan lan kapinteran supaya bisa ngadili umat-Ku, sing wis Tak pertyayakké marang kowé dadi ratuné,