2 Chronicles 1:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging misbyah tembaga gaweane Bezaleel bin Uri bin Hur isih ana ing kono ana ing ngarepe Tarub Sucining Allah. Iya iku kang dipurugi Sang Prabu Suleman karo pasamuwan mau perlu nyuwun pitedah marang Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging mesbèh tembaga gawéané Bésaleèl, anaké Uri, anaké Hur ijik ing kono, nang ngarepé Tarup Maha sutyiné Gusti Allah. Ing kono kuwi sing diparani Salomo karo pasamuan mau perlu njaluk pinuntun marang GUSTI.