2 Chronicles 11:16 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saka panunggalane suku Israel kabeh iya ana wong kang padha menyang ing Yerusalem padha nusul marang para wong Lewi mau, yaiku wong kang wus nggemblengake atine sumedya ngupaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel; sarta tekane iku arep saos kurban marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sangka tunggalé taleré Israèl kabèh ya ana wong sing pada menyang Yérusalèm pada nyusul marang para wong Lèwi mau, ya kuwi wong sing wis karo karep atiné nggolèki GUSTI, Gusti Allahé Israèl; lan tekané kuwi arep pasrah kurban marang GUSTI, Gusti Allahé para leluhuré.