2 Chronicles 12:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Riwayate Sang Prabu Rehabeam iku wiwit wiwitan nganti wekasan, kabeh rak wus katulisan ana ing sejarahe Nabi Semaya lan Idho, wong sidik, -- kang uga ngemot daftar sarasilah. Ing antarane Prabu Rehabeam lan Prabu Yerobeam iku tansah ana perang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sejarahé Réhabéam kuwi wiwit-wiwitan nganti pungkasané, kabèh wis ketulis ing sejarahé Semaya lan Ido, wong tukang ndelok, sing uga ngemot didaftar kitab turunané. Ing antarané Réhabéam lan Yérobéam kuwi tansah ana perang.