2 Chronicles 14:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Asa nuli nyebut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, kajawi Paduka boten wonten sanesipun malih ingkang saged mitulungi ingkang ringkih nglawan ingkang kiyat. Paduka mugi karsaa mitulungi kawula sadaya, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, amargi kawula sami sumendhe dhumateng Paduka sarta anggen kawula sami majeng nglawan wadya-bala ingkang ageng punika mawi asma Paduka. Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula sadaya. Paduka sampun ngantos marengaken manungsa gadhah kakiyatan kangge nglawan Paduka!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Asa terus nyebut marang GUSTI, Gusti Allahé, tembungé: “Duh GUSTI, kejaba Panjenengan ora ana liyané malih sing bisa mitulungi sing ringkih nglawan sing kuwat. Panjenengan supaya gelem mitulungi kita, duh GUSTI, Gusti Allah kita, awit kita pada njagakké marang Panjenengan lan enggèn kita pada maju nglawan suradadu sing gedé kuwi nganggo asma Panjenengan. Duh GUSTI, Panjenengan kuwi Gusti Allah kita. Panjenengan aja nganti nglilani manungsa nduwé kekuwatan kanggo nglawan Panjenengan!”