2 Chronicles 14:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Sang Prabu marang wong Yehuda mangkene: “Ayo, kutha-kutha iki padha disantosani, padha dipageri tembok lan didekeki panggungan, gapura saslarak-slarake. Nagara iki isih ana ing tangan kita, amarga kita padha ngupaya marang Yehuwah, Gusti Allah kita sarta Panjenengane ngupaya kita lan maringi marang kita katentreman kang warata.” Tumuli padha tumandang mbangun sarta iku bisa tumindak becik.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé ratu marang wong Yéhuda mengkéné: “Hayuk, kuta-kuta iki pada dikuwati, pada dipageri témbok lan didèkèki menara-menara, gapura lan slorok-sloroké. Negara iki ijik ing tangan kita, awit kita pada nggolèki GUSTI, Gusti Allah kita lan Panjenengané nggolèki kita lan ngekèki marang kita katentreman ing kabèh panggonan.” Terus pada tandang mbangun lan bisa nandangi karo apik.