2 Chronicles 15:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
banjur seba marang ing ngarsane Sang Prabu Asa sarta munjuk marang panjenengane: “Kawula aturi miyarsakaken dhumateng kawula, dhuh Sang Prabu Asa tuwin Yehuda saha Benyamin sadaya! Pangeran Yehuwah badhe nganthi dhumateng paduka sadaya uger paduka sami ndherek ing Panjenenganipun. Manawi paduka sami ngupadosi Panjenenganipun, Panjenenganipun rena, samangsa paduka sowani. Nanging manawi paduka sami nyingkur dhateng Panjenenganipun, badhe tinilar ing Panjenenganipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
terus teka ing ngarepé Asa lan ngomong marang piyambaké: “Rungokké marang kula, duh Asa lan Yéhuda lan Bényamin kabèh! GUSTI bakal nuntun marang sampéyan kabèh angger sampéyan pada mèlu marang Panjenengané. Yèn sampéyan pada nggolèki Panjenengané, Panjenengané seneng, ing waktu Panjenengan gelem ditekani. Nanging yèn sampéyan pada ninggal marang Panjenengané, sampéyan uga bakal ditinggal karo Panjenengané.