2 Chronicles 16:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Kula kaliyan panjenengan rak ngawontenaken prajanjian, makaten ugi rama kula kaliyan ingkang rama. Punika kula ngintunaken jene kaliyan selaka dhumateng panjenengan. Sumangga, kula aturi mbatalaken prajanjian panjenengan kaliyan Baesa, ratu ing Israel, supados mundur saking wewengkon kula.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Kula karo sampéyan apa ora nganakké perjanjian, uga bapak kula karo bapak sampéyan. Kula ngirimké emas karo slaka marang sampéyan. Lan kula njaluk sampéyan mbatalké perjanjian sampéyan karo Basa, ratu ing Israèl, supaya mundur sangka negara kula.”