2 Chronicles 18:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Let sawetara taun panjenengane tindak martuwi Sang Prabu Akhab menyang Samaria. Sang Prabu Akhab nuli dhawuh nyembeleh wedhus lan sapi akeh kagem panjenengane lan para pandhereke sarta ngajak panjenengane nglurug menyang ing Ramot-Gilead.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Let pirang taun piyambaké lunga nemoni Akab menyang Samaria. Akab terus ngongkon mbelèh wedus lan sapi okèh kanggo piyambaké lan para balané lan ngajak piyambaké ngluruk menyang ing Ramot-Giléad.