2 Chronicles 18:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Nata ing Israel tumuli nglempakake para nabi, kehe patang atus, iku banjur didangu dening Sang Prabu Akhab: “Apa ingsun diparengake nglurug perang nglawan Ramot-Gilead, apa prayoga diwurungake?” Kabeh padha munjuk: “Sumangga, kawula aturi nglurug! Gusti Allah badhe ngulungaken punika dhateng astanipun Sang Prabu.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu Israèl terus nglumpukké para nabi, tyatyahé 400, kuwi terus ditakoni karo Akab: “Apa aku dililani ngluruk perang nglawan Ramot-Giléad, apa apiké diwurungké?” Kabèh pada ngomong: “Majua ngluruk! Gusti Allah bakal ngekèkké kuwi marang ratu.”