2 Chronicles 18:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paring wangsulane Sang Nata ing Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran nyuwun pitedah dhateng Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng piyambakipun, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung bilai. Tiyang punika nama Mikha bin Yimla.” Pangandikane Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten, ta.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré ratuné Israèl marang Yosafat: “Ijik ana siji, sing bisa dadi lantaran njaluk pinuntun marang GUSTI. Nanging kula sengit marang piyambaké, awit ora tau ngomongké sing apik kanggo kula, kejaba mung tyilaka. Wong kuwi jenengé Mika, anaké Yimla.” Tembungé Yosafat: “Ratu aja ngomong mengkono, ta.”