2 Chronicles 19:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lah Imam Agung Amarya iku kang sunangkat dadi lelurahira tumrap ing sakehe prakara kang gegayutan karo Gusti Allah lan Zebaja bin Ismael, pangareping turune Yehuda, tumrap sakehe prakara karajan, dene wong Lewi bakal padha mbiyantu sira dadi juru ngatur. Padha tumindaka kalawan kenceng! Muga Pangeran Yehuwah nunggala kalawan wong kang tumemen.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Imam gedé Amarya kuwi sing tak angkat dadi pemimpiné kanggo ing sak okèhé perkara sing gegandèngan karo GUSTI lan Sebaja, anaké Ismaél, pengarepé turunané Yéhuda, kanggo sak okèhé perkara kraton, nanging wong Lèwi bakal pada ngréwangi sampéyan dadi tukang nata. Pada tumindaka karo teges! Supaya GUSTI nunggal karo wong sing temen.”