2 Chronicles 2:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
anakipun tiyang estri saking bani Dhan, dene bapakipun tiyang Tirus. Tiyang punika pinter nggarap jene, selaka, tembagi, tosan, sela, kajeng, kain wungu enem, badhe wungu sepuh, lena alus tuwin badhe jingga, saha ugi pinter damel sawernining ukir-ukiran punapa malih sawernining rancangan ingkang kapasrahaken dhateng piyambakipun kanthi kabiyantu dening para ahli panjenengan saha dening para ahlinipun ingkang rama, Sang Prabu Dawud.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
anaké wong wadon sangka turunané Dan, nanging bapaké wong Tirus. Wong kuwi pinter nggarap emas, slaka, tembaga, wesi, watu, kayu, kain wungu nom, bakal wungu tuwa, mori lenan alus lan bakal abang, lan uga pinter nggawé sak wernané ukir-ukiran kabèh sak wernané rantyamané dipasrahké marang dèwèké karo dibantu para wong pinteré sampéyan lan karo para wong pinteré bapak sampéyan Daved.