2 Chronicles 2:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Suleman tumuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Huram, ratu ing nagara Tirus, kadhawuhan ngaturake pangandikane kang wirasane: “Panjenengan mugi karsaa nandukaken dhateng kula, kadosdene ingkang panjenengan tandukaken dhateng rama kula Dawud, nalika panjenengan ngintuni kajeng eres dhateng rama, kagem yasa kraton ingkang badhe dipun dalemi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Salomo terus kongkonan wong nemoni Huram, ratu ing negara Tirus, dikongkon masrahaké tembungé mengkéné: “Sampéyan supaya gelem nindakké marang kula, kaya sing sampéyan tindakké marang bapak kula Daved, waktu sampéyan ngirimi kayu tyemara marang bapakku, kanggo nggawé kraton sing bakal dienggoni.