2 Chronicles 2:4 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kauningana, kula badhe yasa padaleman kagem ing asmanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, dadosa sesengkeranipun, supados ing ngarsanipun kabesmia dupa anggi-anggi arum, sarta sesaos roti ajegan tuwin kurban obaran enjing sonten, ing dinten-dinten Sabat lan ing wulan-wulan enggal, punapadene ing riyaya-riyaya ingkang katetepaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, amargi sadaya wau dados kuwajibanipun tiyang Israel ing salami-laminipun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ngertènana, kula bakal nggawé omah kanggo asmané GUSTI, Gusti Allah kula, dadia panggonan sutyi, supaya ing ngarepé diobong dupa wangi-wangian, lan dipasrahké roti ajek lan kurban obongan ésuk soré, ing dina-dina sabat lan ing sasi-sasi anyar, uga ing riyaya-riyaya sing ditetepaké karo GUSTI, Gusti Allah kula, awit kabèh iki dadi kuwajipané wong Israèl ing sak lawasé.