2 Chronicles 2:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Milanipun sapunika, panjenengan mugi karsaa ngintunaken satunggaling tiyang ingkang ahli ing bab dedamelan jene, selaka, tembagi, tosan, kain wungu enem, badhe jingga, badhe wungu sepuh, saha ingkang ugi saged damel ukir-ukiran, supados mbiyantu para ahli ingkang wonten ing kula, ing Yehuda saha ing Yerusalem ingkang sampun sami tinuding rama kula Dawud.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané saiki, sampéyan supaya gelem ngirimké salah sijiné wong sing pinter ing bab penggawéan sangka emas, slaka, tembaga, wesi, kain wungu nom, bakal abang, bakal wungu tuwa, lan sing uga bisa nggawé ukir-ukiran, supaya ngréwangi para wong pinter ing panggonan kula, ing Yéhuda lan ing Yérusalèm sing wis pada dipilih bapak kula Daved.