2 Chronicles 20:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene sapunika, lah punika bani Amon tuwin bani Moab sarta para tiyang saking ing pareden Seir! Nalika tiyang Israel dhateng saking tanah Mesir, Paduka boten marengaken sami lumebet ing nagarinipun. Awit saking punika lajeng dipun tebihi saha boten dipun sirnakaken.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging saiki, turunané Amon lan turunané Moab lan para wong sangka pegunungan Seir! Waktu wong Israèl teka sangka negara Egipte, Panjenengan ora nglilani pada mlebu ing negarané. Awit sangka kuwi terus diadohi lan ora dientèkké.