2 Chronicles 20:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bani Amon lan bani Moab banjur nempuh wong kang padha manggon ing pagunungan Seir, arep ditumpes lan disirnakake. Sawuse nyirnakake wong Seir, tumuli padha paten-pinatenan dhewe.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Turunané Amon lan turunané Moab terus nyerang wong sing pada manggon ing pegunungan Seir, arep ditumpes lan dientèkké. Sakwisé ngentèkké wong Seir, terus pada patèn-patènan déwé.