2 Chronicles 21:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kaya mangkono Edom anggone mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur mardika nganti saprene. Ing nalika samana Libna uga mbalela marang pangwasane Yehuda. Mulane mangkono sabab Sang Nata nilar Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kaya mengkono Edom enggoné nglawan marang pangwasané Yéhuda lan terus merdéka nganti sepréné. Ing waktu semono Libna uga nglawan marang pangwasané Yéhuda. Kedadian mengkono awit ratu ninggalké GUSTI, Gusti Allahé para leluhuré.