2 Chronicles 21:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Let sawetara mangsa, kira-kira sawuse rong taun, ususe padha metu marga saka gerahe mau, wasana banjur seda kalawan nandhang rekaos kang nggegirisi. Rakyate ora ngurubake geni kagem panjenengane kayadene kang katindakake kagem para leluhure.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Let sak untara waktu, kira-kira sakwisé rong taun, ususé pada metu awit sangka nesuné mau, terus mati karo ngalami rekasa sing medèni. Rayaté ora ngurupké geni kanggo piyambaké kaya sing ditindakké kanggo para leluhuré.