2 Chronicles 22:1 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para wong ing Yerusalem banjur njumenengake ratu Pangeran Ahazia, putrane kang wuragil nggentosi panjenengane, awit para putrane kang luwih sepuh yuswane wus padha disedani kabeh dening grombolan kang nekani pakuwon bebarengan karo para wong Arab. Mangkono dadine Pangeran Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda, banjur jumeneng ratu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para wong Yérusalèm terus ngangkat ratu Ahazia, anaké sing ragil nggentèni piyambaké, awit para anaké sing luwih tuwa umuré wis pada dipatèni kabèh karo grombolan sing nekani tarupé bebarengan karo para wong Arab. Mengkono dadiné Ahazia, anaké Yoram, ratu ing Yéhuda, terus dadi ratu.