2 Chronicles 22:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Putri Yosabat, putra putrine Sang Prabu, mundhut Pangeran Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, kaculik saka ing satengahe para putrane Sang Prabu kang bakal disedani mau, banjur dilebetake ing gudhang pasarean karo inyane. Kaya mangkono Sang Putri Yosabat, putri putrane Sang Prabu Yoram, garwane Imam Yoyadha, -- panjenengane iku sadhereke putri Sang Prabu Ahazia -- anggone ndhelikake Pangeran Yoas saka ing ngarsane Sang Putri Atalya, satemah ora nganti disedani dening Sang Putri Atalya;
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging wong wadon Yosabat, anaké wadon ratu, njupuk Yoas, anaké Ahazia, dityolong sangka sak tengahé para anaké ratu sing bakal dipatèni mau, terus dilebokké ing lumbung ambèn karo sing momong. Kaya mengkono Yosabat, wong wadon anaké Yoram, bojoné imam Yoyada, - piyambaké kuwi seduluré wadon Ahazia - enggoné ndelikké Yoas sangka ngarepé Atalya, terus ora nganti dipatèni karo Atalya;