2 Chronicles 22:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu banjur kondur menyang ing Yizreel arep jejampi marga saka anggone ketaton ana ing Rama nalika perang nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram mau. Anadene Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram ratu ing Yehuda, tumuli tindak martuwi marang Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, menyang ing Yizreel, marga panjenengane nandhang gerah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ratu terus mulih menyang Yisreèl arep golèk tamba awit sangka enggoné ketaton ing Rama waktu perang nglawan Hasaèl, ratu Aram mau. Nanging Ahazia, anaké Yoram, ratuné Yéhuda, terus lunga nemoni Yoram, anaké Akab, menyang Yisreèl, awit piyambaké ngalami lara.