2 Chronicles 22:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono tumuli madosi Sang Prabu Ahazia. Sang Prabu Ahazia kecepeng nalika ndhelik ana ing Samaria, banjur kaladosake marang ing ngarsane Sang Yehu, nuli disedani, nanging iya tumuli kasarekake, amarga pangucape wong: “Panjenengane iku wayahe Sang Prabu Yosafat, kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah kalawan gumolonging panggalihe.” Anadene kulawargane Sang Prabu Ahazia iku ora ana kang keconggah ngasta paprentahan maneh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono terus nggolèki Ahazia. Ahazia ketyekel waktu ndelik ing Samaria, terus digawa ing ngarepé Yéhu, terus dipatèni, nanging ya terus dikubur, awit tembungé wong: “Piyambaké kuwi putuné Yosafat, sing nggolèki marang GUSTI karo sak kabèhé atiné.” Nanging brayaté Ahazia kuwi ora ana sing bisa mréntah menèh.