2 Chronicles 23:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging ing taun kang kaping pitune Imam Yoyadha nggemblengake tekade nganakake pasarujukan karo para panggedhening wadya-bala satus, yaiku: Azarya bin Yeroham, Ismael bin Yohanan, Azarya bin Obed, Maaseya bin Adaya lan Elisafat bin Zikhri.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging ing taun sing kaping pituné imam Yoyada ngantepké tékaté nganakké rembukané karo para penggedéné suradadu 100, ya kuwi: Asarya, anaké Yéroham, Ismaél, anaké Yohanan, Asarya, anaké Obèd, Maaséya, anaké Adaya lan Elisafat, anaké Sikhri.