2 Chronicles 23:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur mirsa Sang Nata jumeneng ing sacedhake sakane ing dalan lumebu lan para panggedhe sarta para kang nggawa kalasangka ana ing sacedhake Sang Prabu, dene rakyat ing nagara kabeh padha abungah-bungah karo ngunekake kalasangka, sarta para juru ngidung padha nuntun kang ngrepekake kekidungan pepujian kalawan nyekel piranti-pirantining musik. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kambi alok: “Kiyanat, kiyanat!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ngerti ratu ngadek ing sak tyedaké tyagaké ing dalan mlebu lan para penggedéné lan para sing nggawa trompèt ing sak tyedaké ratu, nanging rayat ing negara kabèh pada bungah-bungah karo ngunèkké trompèt lan para tukang ngidung pada nuntun mujèké kidungan pamuji karo nyekel piranti-pirantiné musik. Atalya terus nyuwèk-nyuwèk sandangané karo alok: “ngiyanati, ngiyanati!”