2 Chronicles 23:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Imam Yoyadha nuli masrahake kawajiban rumeksa padalemaning Yehuwah marang para imam lan para wong Lewi, kang wus kapantha-pantha dening Sang Prabu Dawud kanggo pagawean ing sajroning padalemane Pangeran Yehuwah, yaiku saos kurban obaran marang Sang Yehuwah -- kaya kang katulisan ing Torete Nabi Musa -- kanthi asumyak-sumyak lan kalawan kekidungan manut pitedhahe Sang Prabu Dawud.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Imam Yoyada terus masrahaké kuwajipané njaga griyané GUSTI marang para imam lan para wong Lèwi, sing wis dikumpul-kumpulké karo Daved kanggo penggawéan griyané GUSTI, ya kuwi pasrah kurban obongan marang GUSTI, kaya sing ketulis ing Torèté Moses, karo bungah-bungah lan karo kidungan miturut sing diduduhké Daved.