2 Chronicles 23:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong sapasamuwan iku kabeh banjur padha gawe prajanjian karo Sang Prabu ana ing padalemaning Allah. Imam Yoyadha ngandika marang wong-wong mau: “Delengen, iki putrane Sang Nata! Kareben panjenengane ngasta paprentahan, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah tumrap para tedhake Sang Prabu Dawud.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong sak pasamuan kuwi kabèh terus pada nggawé perjanjian karo ratu ing griyané Gusti Allah. Imam Yoyada ngomong marang wong-wong mau: “Delengen, iki anaké ratu! Bèn piyambaké nggowa pemrintahan, kaya sing wis diomongké karo GUSTI kanggo para tyedak turunané Daved.