2 Chronicles 23:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para wong Lewi lan wong Yehuda kabeh padha nglakoni apa sadhawuhe Imam Yoyadha kabeh; siji-sijine nggawa wong-wonge kang wus rampung anggone nindakake kawajibane ing dina Sabat bebarengan karo para wong kang lumebu prelu nindakake kawajibane ing dina iku, awit golongan-golongan iku ora ana kang diliburake dening Imam Yoyadha.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para wong Lèwi lan wong Yéhuda kabèh pada nglakoni apa dipréntahké imam Yoyada kabèh; déwé-déwé nggawa wong-wongé sing wis rampung enggoné nindakké kuwajipané ing dina sabat bebarengan karo para wong sing mlebu perlu nindakké kuwajipané ing dina kuwi, awit golongan-golongané kuwi ora ana sing diliburké karo imam Yoyada.