2 Chronicles 24:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saben-saben pethi digawa lumebu prelu dipriksa dening para wong Lewi atas asmane Sang Prabu, lan manawa wus katon isi dhuwit akeh, panitrane Sang Prabu lan para kang dikwasakake dening Imam Agung padha teka ngwetokake isining pethi mau, nuli dibalekake marang ing panggonane maneh. Kaya mangkono iku saben-saben katindakake, lan akeh dhuwit kang diklumpukake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saben-saben peti digawa mlebu perlu didelok karo para wong Lèwi atas asmané ratu lan yèn wis kétok isi duwit okèh, juru tulisé ratu lan para sing dikèki kwasa karo imam gedé pada teka ngetokké isiné peti mau, terus dibalèkaké ing panggonané menèh. Kaya mengkono kuwi saben-saben ditindakké lan okèh duwit sing diklumpukké.