2 Chronicles 24:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha masrahake dhuwit mau marang kang manggedheni pagaweaning padalemaning Yehuwah. Iki banjur padha menehake dhuwit iku marang para tukang natah lan para tukang kayu minangka opah anggone ndandani padalemaning Yehuwah; uga marang para tukang besi lan tembaga kang padha ndandani padalemaning Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu lan imam gedé Yoyada masrahaké duwit mau marang sing nggedèni penggawéané griyané GUSTI. Iki terus pada ngekèkké duwit kuwi marang para tukang natah lan para tukang kayu kanggo upah enggoné ndandani griyané GUSTI; uga marang para tukang wesi lan tembaga sing pada ndandani griyané GUSTI.