2 Chronicles 24:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu nuli nimbali Imam Agung Yoyadha sarta ndangu marang panjenengane: “Punapa sababipun, dene panjenengan kok boten mundhut dhateng para tiyang Lewi supados sami nglempakaken paos wonten ing Yehuda saha ing Yerusalem, ingkang katetepaken dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap pasamuwan Israel kangge Tarub papaning angger-anggeripun Gusti Allah?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu terus nyeluk imam gedé Yoyada lan takon marang piyambaké: “Apa sebabé, sampéyan kok ora njupuk marang para wong Lèwi supaya pada nglumpukké pajek ing Yéhuda lan ing Yérusalèm, sing ditetepaké karo Moses, abdiné Gusti Allah, marang pasamuan Israèl kanggo Tarup panggoné angger-anggeré Gusti Allah?