2 Chronicles 25:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, nuli utusan sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, kadhawuhan maringake wangsulane mangkene: “Wit eri ing redi Libanon punika kintun piweling dhateng wit eres ing redi Libanon makaten: Anak sampeyan estri sampeyan sukakaken dhateng anak kula jaler, dadosa semahipun. Nanging kewan-kewan ing wana ingkang wonten ing redi Libanon punika langkung ing ngriku lajeng ngidak wit eri wau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Yoas, ratu ing Israèl, terus kongkonan nemoni Amasia, ratu ing Yéhuda, dikongkon ngekèkké semaur mengkéné: “Wit eri ing gunung Libanon kuwi kirim paweling marang wit tyemara ing gunung Libanon mengkéné: Anak sampéyan wadon sampéyan, kèkké marang anak kula lanang, dadia bojoné. Nanging kéwan-kéwan ing alasan ing gunung Libanon kuwi liwat ing kono terus ngidak wit eri iki.