2 Chronicles 25:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengan nggalih, panjenengan sampun ngawonaken Edom, milanipun panggalih panjenengan lajeng kumaluhur-luhur lan badhe ngupados pangaji-aji. Sapunika, kula aturi wonten ing dalem kemawon. Punapa ta prelunipun panjenengan ngajap dhateng bilai, satemah panjenengan lajeng dhawah dalasan Yehuda pisan?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sampéyan mikir, sampéyan wis ngalahké Edom, mulané ati sampéyan terus ngunggul-unggulké déwé lan bakal nggolèki gunggungan. Saiki, kula njaluk ing omah waé. Apa ta perluné sampéyan nantang marang tyilaka, terus sampéyan tiba uga Yéhuda pisan?”