2 Chronicles 25:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Amazia banjur nglempakake wong Yehuda, yaiku wong Yehuda lan Benyamin kabeh, padha didhawuhi ngadeg manut para kulawangsane, dipanggedheni dening tetindhihing wadya-bala sewu lan para tetindhihing wadya-bala satus. Bareng kaetung dening Sang Nata wong kang umur rong puluh taun munggah, tinemune ana nonoman telung atus ewu kang sembada ing perang kalawan sikep tumbak lan tameng.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Amasia terus nglumpukké wong Yéhuda, ya kuwi wong Yéhuda lan Bényamin kabèh, pada dipréntahké ngadek miturut para brayaté, dipimpin karo penggedéné suradadu 1000 lan para penggedéné suradadu 100. Bareng diitung karo ratu wong sing umur rong puluh taun munggah, ketemuné ana nom-noman 300.000 sing wis bisa perang karo nganggo tumbak lan tamèng.