2 Chronicles 25:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene manawi punika meksa katunggilaken, sanadyan kados pundi kemawon tumindak paduka saha kakiyatan paduka ing salebeting peperangan, Gusti Allah badhe ndhawahaken paduka wonten ing ngajenging mengsah, amargi Gusti Allah punika kagungan pangwaos mitulungi tuwin ndhawahaken!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn kuwi meksa didadèkké siji, senajan kaya ngendi waé tumindaké sampéyan lan kekuwatan sampéyan ing njeruhné peperangan, Gusti Allah bakal nibakké sampéyan ing ngarepé mungsuh, awit Gusti Allah kuwi nduwé pangwasa mitulungi lan nibakké!”