2 Chronicles 26:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kajaba iku Sang Prabu Uzia kagungan wadya-bala kang sembada ing perang, kang manawa maju perang kadadekake golongan-golongan manut cacahe wong kang dipengeti dening abdi dalem panitra Yeiel lan abdi dalem juru tata-usaha Maaseya, kang dipanggedheni dening Sang Hananya, salah sawijine tetindhihe perang Sang Prabu.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kejaba kuwi Uzia nduwé suradadu sing wis bisa perang, yèn maju perang didadèkké golongan-golongané miturut tyatyahé wong sing dityateti karo abdi juru tulisé Yeiel lan juru nata Maaséya, sing dipimpin karo Hananya, salah sijiné komendané perang ratu.