2 Chronicles 26:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ana ing Yerusalem Sang Prabu uga yasa pirantining perang, kang kena kanggo nglepasake panah lan watu gedhe. Iku gaweane tukang kang ahli. Piranti iku kadekek ing sadhuwure panggung lan ing pojok-pojok. Asmane Sang Prabu dadi misuwur nganti tekan nagara-nagara kang adoh, amarga panjenengane kaparingan pitulungan kalawan ngeram-eramake, satemah dadi santosa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing Yérusalèm ratu uga nggawé pirantiné perang, sing kena kanggo ngetyulké panah lan watu gedé. Kuwi gawéané tukang sing pinter. Piranti kuwi disèlèhké ing sak nduwuré panggung lan ing pojok-pojok. Asmané ratu dadi kesuwur nganti tekan negara-negara sing adoh, awit piyambaké dikèki pitulungan karo ngéram-érami, terus dadi kuwat.