2 Chronicles 26:16 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung lan nindakake bab kang gawe rusak. Panjenengane ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, sarta kumawani lumebet ing Padaleman Suci prelu mbesmi dupa ana ing misbyah padupan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Bareng ratu wis kuwat, terus gemunggung lan nindakké bab sing nggawé rusak. Piyambaké ora setia menèh marang GUSTI, Gusti Allahé, lan wani mlebu ing Griya Sutyi ngobong dupa ing mesbèh pedupan.