2 Chronicles 27:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Nata perang nglawan ratuning bani Amon, kang tumuli dikawonake satemah ing taun iku uga bani Amon nyaosi marang panjenengane dhuwit satus talenta selaka, gandum sepuluh ewu kor lan sair sapuluh ewu kor. Uga ing taun kang kapindho lan kang katelu bani Amon saos bulubekti samono marang panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu perang nglawan ratuné turunané Amon, terus dikalahké nganti ing taun kuwi uga turunané Amon ngekèki marang piyambaké duwit 100 talénta slaka, gandum 10.000 kor lan jewawut 10.000 kor. Uga ing taun sing kaping pindo lan sing kaping telu turunané Amon pasrah pajek semono marang piyambaké.