2 Chronicles 28:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong-wong kang tinanggenah kalawan kasebut jenenge, iku tumuli padha mangkat methuk para wong tawanan mau. Sakehe wong kang kawudan padha diwenehi panganggo dijupukake saka jarahan. Wong-wong iku padha diwenehi sandhangan, kasut, mangan lan ngombe. Padha dijebadi kalawan lenga lan sakehe wong kang wus sayah banget nganti ora bisa mlaku padha ditunggangake ing kuldi, digawa menyang ing Yerikho, menyang ing Kutha Wit Kurma, cedhak karo para sadulure. Sawuse mangkono wong Israel mau padha mulih menyang ing Samaria.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong-wong sing dityeluk karo disebut jenengé, kuwi terus pada budal metuk para wong tawanan mau. Sak okèhé wong sing wuda pada diwènèhi sandangan jupukké sangka sing direbut. Wong-wong kuwi pada diwènèhi sandangan, kasut, mangan lan ngombé. Pada dilengani lan sak kabèhé wong sing wis kesel banget nganti ora bisa mlaku pada ditunggangké ing kimar, digawa menyang Yériko, menyang kuta wit Kurma, tyedak karo para seduluré. Sakwisé mengkono wong Israèl mau pada mulih menyang Samaria.