2 Chronicles 28:24 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Akhas nglempakake piranti-piranti ing padalemaning Allah, padha dirusaki. Lawanging padalemaning Pangeran Yehuwah diinebake sarta banjur yasa misbyah-misbyah kagem sarirane piyambak ana ing sakehe pojok-pojoking Yerusalem.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Akas nglumpukké piranti-piranti ing griyané Gusti Allah, pada dirusaki. Lawangé griyané GUSTI ditutup lan terus nggawé mesbèh-mesbèhé kanggo piyambaké déwé ing sak kabèhé pojok-pojoké Yérusalèm.