2 Chronicles 29:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse iku para imam banjur padha lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah prelu nucekake iku. Kabeh kang najis, kang tinemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah, digawa menyang ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah; iku padha ditampani dening para wong Lewi lan digawa metu, menyang ing Lebak Kidron.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé kuwi para imam terus pada mlebu ing griyané GUSTI perlu nyutyèkké kuwi. Kabèh sing reget, sing ketemu ing griyané GUSTI, digawa menyang lataré griyané GUSTI; kuwi pada ditampani karo para wong Lèwi lan digawa metu, menyang legokan Kidron.