2 Chronicles 29:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anggone wiwit nucekake iku ing tanggal sapisan, sasi kapisan. Ing dina kang kaping wolu, sasi iku, wus padha tutug ing srambining padalemane Pangeran Yehuwah lan anggone nucekake padalemaning Yehuwah iku suwene wolung dina. Rampunge ing dina kang kaping nembelas sasi kapisan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Enggoné wiwit nyutyèkké kuwi ing tanggal sepisan, sasi kaping pisan. Ing dina sing kaping wolu, sasi kuwi, wis pada tekan ing sebrangé griyané GUSTI lan enggoné nyutyèkké griyané GUSTI kuwi suwéné wolung dina. Rampungé ing dina sing kaping nembelas sasi kaping pisan.