2 Chronicles 29:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kabeh padha nggawa sapi lanang pitu, wedhus gembel lanang pitu, wedhus gembel enom pitu sarta wedhus berok lanang pitu minangka kurban pangruwating dosa kagem brayate Sang Prabu, kanggo pasucen lan kanggo Yehuda. Sang Prabu nuli dhawuh marang para tedhake Rama Harun, yaiku para imam, supaya nyaosake kurban mau ana ing misbyahe Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh pada nggawa sapi lanang pitu, wedus gèmbèl lanang pitu, wedus gèmbèl nom pitu lan wedus lanang pitu kanggo kurban ngluwari dosa kanggo brayaté ratu, kanggo panggonan sutyi lan kanggo Yéhuda. Ratu terus ngongkon marang para tyedak turunané Harun, ya kuwi para imam, supaya masrahaké kurban mau ing mesbèhé GUSTI.