2 Chronicles 29:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para imam kang banjur nyembeleh lan nyaosake getihe ana ing misbyah, minangka kurban pangruwating dosa, supaya ngolehna panebus kanggo wong Israel kabeh. Awit Sang Nata wus paring dhawuh supaya saos kurban obaran lan kurban pangruwating dosa kanggo wong Israel kabeh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para imam terus mbelèh lan masrahaké getihé ing mesbèh, kanggo kurban ngluwari dosa, supaya olèh tebusan kanggo wong Israèl kabèh. Awit ratu wis ngekèki préntah supaya pasrah kurban obongan lan kurban ngluwari dosa kanggo wong Israèl kabèh.